



Wengi Ing Simpanglima (Kumpulan Geguritan)
Rp. 45.000
© TriKen Publisher
Jl. Raya Wonogiri-Manjung Km.9
Dusun Purwosari RT 002 RW 001 Desa Manjung
Kecamatan/Kabupaten Wonogiri Kode Pos 57651
Email: parpalpoerwanto@gmail.com
Penulis : Parpal Poerwanto
Layout : Tim TriKen Publisher
Cetakan pertama Desember 2021
Hak cipta dilindungi oleh Undang-Undang
ISBN 978-623-6898-30-7
Description
Geguritan gagrag anyar pancene bisa diarani wujud puisi kang abasa Jawa. Iki kacek sungsate karo geguritan gagrag lawas. Mula bisa diarani yen geguritan gagrag anyar kelangan jati dhirine awit wis ninggalake waton lan paugeran. Nanging satemene ya ora maido awit kabeh mau nut jaman kelakone. Upama geguritan isih ngukuhi paugeran sing ngugemi lungiting basa lan harmoni, bisa-bisa malah ditinggalake dening sutresnane dhewe, awit dianggep ora “kekinian”, ora gaul.
Bab geguritan sing “bebas” iki ora beda karo geguritan kang kamot ing buku asesirah Wengi ing Simpanglima iki. Ing kene penggurit akeh micara babagan wengi lan rohani kang disekarep kanggo ngaca marang dhirine pribadhi sanajan sok-sok ya katon “nakale”, kayata nalikane nyawang prawan ayu bakul jagung bakar kaya sing kaserat ing gurit Wengi ing Simpanglima. Anggone mbabar gurit kanthi basa prasaja nanging ora kelangan kaindahane.
PEMBELIAN BISA MELALUI WHATSAPP DI BAWAH INI

