KURSI IRENG (NOVEL BASA JAWA)

Kursi ireng

(Novel basa jawa)

© TriKen Publisher

Jl. Raya Wonogiri-Manjung Km.9

Dusun Purwosari RT 002 RW 001 Desa Manjung

Kecamatan/Kabupaten Wonogiri Kode Pos 57651

Email: parpalpoerwanto@gmail.com

Penulis            : Parpal Poerwanto

Editor             : Prof. Dr. Suwardi Endraswara, M. Hum.

Layout             : Tim TriKen Publisher

Cetakan pertama Oktober 2026

Harga              : Rp 75.000,-

Hak cipta dilindungi oleh Undang-Undang

Dilarang memperbanyak sebagian atau seluruh isi buku ini tanpa izin tertulis dari Penerbit.

ISBN (PROSES)

Dicetak oleh Percetakan TriKen Publisher

Maca novel kang sesirah Kursi Ireng iki, ora kudu methentheng. Merga mas Parpal Poerwanto pancen wasis nata basa. Uga kinanthenan olah sastra kang ngemu teges. Novel iki uga kagarap mirunggan, kanthi ubat-ubeting crita kang endah, kebak piwulang luhur. Sanajan ana kalane penulis uga mbumboni ilining tangis, kang banget njiret kasedhihan. Bumbu-bumbu sereng, sedhih, romantis, tansah sinamun ing piwulang kapribaden Jawa. Ilining crita terus jumulur, mili milir kaya lakune wong-wong ing bumi Yunani kene. Wong-wong padha mlaku, pating dlusup, menggak-menggok, golek urip, lan ngudi rerenggan lan kawibawan sarta kabecikan. Iku wosing novel kang banget nyengsemake ati. Ateges novel iki pantes kawaca, wiwit seka kaca 1-262, pancen gawe sengsem. Wiwit seka episode Katundhung seka Omah tekan episode Dudu Salumrahe Impen, karacik becik, karantam mateng, sarta kebak piwulang kang nabet ing ati. Mula, sumangga diwaca wae, amrih bisa nemokake endah edi penining crita kang ngemu simbolik kursi ireng, apa samengko klebu ireng thuntheng, ireng njanges, lan ireng putih. Nuwun. (Yunani, 12 Oktober 2026, Suwardi Endraswara, penulis FBSB UNY, ketum APEBSKID Indonesia).

Tinggalkan Balasan